Kamis, 28 Mei 2009

OJO BANGGA DADI WONG LEMU......................

Bali mulang montor nyong deken nang ngiringan ngomah, omah katone sepi,pancen sepi wis rong dina bojone nyong tugas penataran nang Pemalang baline mengko rodho sore, lha boca-bocae nyong mau esuk sakdurunge nyong mangkat mulang wis pamitan jare apan nang semarang ngurus pendaftaran sekolah dadine omah pancen sepi.
Nyatane wis apan jam siji nyong gagian bae mlebu ngoma, biasa yen bojone nyong apan lunga mestthi wis masak pepak awit esuk lan wis disiapaken nang lemari makan. Nyatane ngeleh nyong mangan rasane kepenak banget senajan lawuhe jangan cecek karo gereh sing amba kae ditambah krupuk kesenenganne nyong.....duh rasane nikmat tenan, jare acara nang wisata kuliner kae rasane mak nyuuuuus.Nyong ta mangane ora akeh mung ngemile ora ketulungan mangkane bobote nyong saiki 94 kg. dadi nyong kuwi diarani wong lemu.
Wong mbiyen ngarani yen wong lemu kuwi wong sing makmur, wong sing kecukupan, wong sing uripe seneng, wong sing pikirane netral,merdeka!. nyong pancen ngalami sing tak kandaake mau wong jowo ngarani wong ndablek. Nyong awake lemu kayane wis limolasan taun kiye selet mene selet lemu nyong dadine bingung kadang-kadang awak podho loro,sungkanan,senenge lungguh nonton tv, moco pokoke kegiatan sing ora patio ngetokake tenogo opo maning saiki nang omahe nyong nduwe akses internet unlimited patlikur jam. Mbiyen dek bobote nyong wolungpuluh limonan tau aring pak dokter lan pak dokter kondo bobot awake kudhu didhunke dadi sewidhak telu men awake edial. Lha ngedunke bobot kok rong puluh kilonan ngedunke sekilo bae angel.......piye jal.
Nyong sing wis dadi wong lemu pirang-pirang taun ora kroso bangga tapi rasane kroso sengsoro, tak rasakne wong lemu kuwi sumbere penyakit,sungkanan.pikiranne kadang-kadang " mengko li nyong kena darah tinggi,mengko li nyong kena stroke,mengko li nyong kena diabetus lan liya liyane"
Nah, poro sedulur tak kandani ojo seneng dadi wong lemu, paling kepenak dadi wong sehat. Sehat lahir dan batin. Wis semene bae postingane nyong nang ngarep omah wis ono montor nggereng-ngereng yen ora bojone nyong yo tamu kayane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SELAMAT DATANG DI BLOG YANG SEDERHANA INI

BLOG INI DIBUAT SEKEDAR UNTUK MEMPERKENALKAN SEKOLAH KAMI.